SELAMAT DATANG DI KIDALANG CANDRA

Rabu, 28 Januari 2015

UGRASENA PALAKRAMA (SETYAJID JUMENENG NATA)



1. Jejer Praja Mandura : Basudewa kahadep Harya Prabu lan Patih Saragupita lan Emban Panatabasa. Rembag : bab murcane Ugrasena kang dereng wangsul wonten ing mandura. Arya Prabu kadhawuhan dening Basudewa supados tumuju ing Ngastina ngaturi Pandhu kinen madosi murcane Ugrasena. Arya Prabu sandika. lajeng bidhal. Basudewa dhawuh Patih Saragupita kinen pacak baris tata tata tumuju ing ngastina,Patih Saragupita sandika. Kondur angedaton. Sigeg

2. Limbukan

3. Budhalan negari Mandura tumuju ing Ngastina. Sigeg

4. Jejer Praja Nglesanpura : Raja Ditya Prabu Garbaruci kahadep Ratu telukan saking negari Alas Roban ya negari Lirbaya Prabu Celeng Gembel tuwin Patihipun Prabu Garbaruci aran Patih Singa Kumbang,Patihipun Prabu Celeng Gembel aran Patih Kapi Jaya Ndalu (kethek ireng),datan kantun titihanipun Prabu Garbaruci Aran Macan Singa Maruta. Rembag : Panglamaripun Prabu Garbaruci dhateng para Jawata ngayunaken Bathari Wresni dipun tampik. Mila angajak badhe nggempur kahyangan. gya bidhal.

5. Perang Gagal : Wadya nglesanpura kepapag dening wadya Mandura. sulayaning rembag dados pancakara. wadya Nglesanpura kaseser gya nyimpang marga. Sigeg.

6. Candhakan : Ugrasena anggenipun njajah desa milang kori,angupadi renaning penggalih,kepapag dening Naradha. Rembag : Ugrasena badhe kasraya dening Jawata nandingi Nata Yaksa saking Nglesanpura Prabu Garbaruci kang dinten menika badhe minggah wonten ing Suralaya. Ugrasena sagah nanging Ugrasena nyuwun dhateng Naradha kinen madosi ingkang raka Prabu Pandhu. Naradha purun.lajeng Naradha wangsul mring kahyangan,dene Ugrasena tumuju wonten ing wana Palasara madosi ingkang Raka. Sigeg


Pathet Sanga:

1. Gara Gara

2. Adegan ing Wana Palasara : Pandhu kang lelana kadherekaken punakawan catur kepapag dening Arya Prabu. Rembag : Arya Prabu pasrah dhateng bab murcanipun Ugrasena. Pandhu sagah,kesaru praptanipun Ugrasena. Ugrasena ngandika bilih badhe dipun sraya dening jawata kinen nyirnakaken mengsah saking praja Nglesanpura Prabu Garbaruci,Ugrasena nyuwun senjata pitulungan dhateng Pandhu,Pandhu purun lajeng Pandhu lan Ugrasena minggah wonten Kahyangan Suralaya,Dene Arya Prabu kadhawuhan kinen angaturi ingkang raka Basudewa supados sumusul mring kahyangan. sandika. Sigeg.

3. Adegan Praja Mandura : Basudewa kahadep Saragupita,katungka praptanipun Arya Prabu. rembag : Pandhu sampun manggihi Ugrasena lan dinten menika badhe minggah wonten kahyangan suralaya. Basudewa katuran sumusul mring kahyangan. basudewa purun lajeng Arya Prabu lan Basudewa sumusul bidhal ing kahyangan. dene Saragupita tunggu praja. Sigeg.

4. Jejer Kahyangan Suralaya : Batara Guru kahadep Naradha lan Indra,katungka praptanipun Ugrasena lan Pandhu. Rembag : Ugrasena purun dados jagoning dewa nanging Ugrasena nyuwun bebana menawi Ugrasena badhe perang lumawan Nata Yaksa saking Praja Nglesanpura Prabu Garbaruci,Ugrasena nyuwun dipun ayomi dening Pandhu. Batara Guru sagah lajeng Batara Guru paring pusaka dhateng Ugrasena awujud Gada kyai Wesi Kuning kangge tetamengipun. Gya bidhal. Sigeg.


Pathet Manyura :

1. Candhakan Perang : wadya Nglesanpura dipun tandhing kaliyan Ugrasena lan Pandhu. katah ingkang sami kasoran. Kapi Jaya ndalu pejah dipun kepruk gada dening Ugrasena. Dene Macan Sardhula Singa Maruta ugi pejah kagrayang dening Pandhu mawi aji lebur sakethi. Patih Singa Kumbang lumajar. Sigeg

2. Candhakan ing Repat Kepanasan : Prabu Garbaruci kahadep dening Prabu Celeng Gembel,katungka praptanipun Patih Singa Kumbang,paring panglapuran menawi kapi jaya ndalu lan Macan Singa Maruta pejah mengsah kaliyan jagoning dewa. Prabu Garbaruci lan Celeng Gembel muring. lajeng bidhal nglurug Kahyangan. Sigeg.

3. Candhakan : Ugrasena kepapag dening Prabu Garbaruci. sulayaning rembag dados pancakara. Ugrasena kawon dipun pithing dening Prabu Garbaruci. Lajeng Pandhu njemparing mawi jemparing Pangremuk Daging,kenging dadhanipun Garbaruci satemah mangsa jerohan. Garbaruci pejah,sirahipun pecah dipun kepruk gada wesi kuning dening Ugrasena. Celeng gembel mbela patine Garbaruci. Lajeng dipun sot aken dening Pandhu dados wraha (celeng),kaseblak barat dening Pandhu satemah kamprung. Pandhu semedi nyabdha negarinipun Celeng gembel Negari Alas Roban ya Lirbaya dados Alas gung liwang liwung lan katah jin setan pripayangan. sigeg.

4. Adegan ing Kahyangan Suralaya : Batara Guru,Bathari Wresni,Kahadep Naradha,Ugrasena,Pandhu,Basudewa,lan Arya Prabu. Rembag : Awit saking ageng lelabuhanipun Ugrasena dhateng Kahyangan,Ugrasena kaparingan Negari nglesanpura tilasipun Prabu Garbaruci. Lajeng dipun dandani dening Batara Guru ngangge busana kanarendran. lan Keparingan Jejuluk Prabu Setyajid,lajeng Setyajid kadhaupaken antuk Bathari Wresni. Dipun sekseni kaliyan Pandhu,Basudewa lan Arya Prabu.


Tancep Kayon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar