SELAMAT DATANG DI KIDALANG CANDRA

Rabu, 28 Januari 2015

PUNTADEWA LAHIR (DUMADINE WANA WISAMARTA)



1. Jejer Ngastina : Pandhu kahadep Drestarata,Gandamana lan Andakawana. rembag: Dewi Kunthi Anggarbini malih,minangka pamundhutipun Pandhu,badhe ngawontenaken pista raja andrawina,Pandhu ngaturi Drestarata dalah Kurawa supados pasang grogol nyepeng ulam wonten wana Palasara utawi Wana pulasara,drestarata saguh,kang raka bidhal. Pandhu ngutus Gandamana supados nderekaken tindakipun ingkang raka,sendika. kondur ngedaton

2. Limbukan

3. Budhalan Negara Ngastina: Gandamana nimbali Punggawa Ngastina : Andakawana,Srinaba,Bargawa,Bilawa,lan Supadya. Rembag : Kautus dening sang nata kinen nderekaken tindakipun Adipati Drestarata lan Kurawa tumuju ing wana palasara,anggenipun badhe pasang grogol nyepengi ulam kangge dedaharan pista raja andrawina. gya bidhalan. sigeg.

4. Adegan Praja Danamarta Ya Ngamarta : Resi Paridarma Kahadep Putra gangsal : Yudhistira,Dhandhunwacana,Dananjaya,Suparta,Suparti. Rembag : Paridarma arsa pados dalan panitisan awit antuk wangsiting jawata bilih Paridarma titiwancinipun badhe manjing kamukswan,nanging Paridarma kedah madosi dalan panitisan lumantar satriya ingkang anduweni getih putih. Ingkang Putra Yudhistira gandrung kapirangu kaliyan Dewi Kunthi,nadyanta Paridarma menggak kersanipun ingkang putra, nanging putra cacah gangsal tetep bidhal. wekasanipun Paridarma minggah kahyangan suralaya,ngiras pantes ngawat awati ingkang putra. sigeg.

5. Perang Gagal : para putra praja danamarta kepapag barisan punggawa ngastina,sulayaning rembag dadya pancakara,para putra praja danamarta kaseser,gya lumajar. sigeg.


Pathet Sanga :

1. Gara-Gara

2. Candhakan : Raden Widura kahadep Punakawan,rembag : widura kepengin nyarawedikaken bab miyosing putra kang mijil saking guwagarbanipun ingkang mbak yu Kunthi,Semar ngandika bilih lek ing jabang bayi kang mijil saking Dewi Kunthi menika dados satriya ingkang anggadahi sipat ati segara,nanging nggawa musuh,widura lajeng nganthi punakawan tumuju ing Ngastina. Sigeg.

3. Adegan Repat Kepanasan : Naradha kahadep Indra lan Brama,Rembag : Gara-gara ingkang tuwuh saking Paridarma ingkang nyuwun panitisan,Naradha dawuh supados enggal mangsulaken Paridarma awit panyuwunipun ingkang anggege mangsa. Indra lan Brama bidhal. sigeg

4. Candhakan : Indra lan Brama methuki Paridarma,rembag : Paridarma kedah wangsul awit Paridarma anggege mangsa,sulayaning rembag dados pancakara,Indra lan Brama Kasoran. Naradha manggihi Paridarma, Rembag : Paridarma kadawuhan kinen nitis dhateng putranipun Nata Ngastina ingkang badhe miyos. Paridarma Bidhal.


Pathet Manyura :

1. Adegan Praja Ngastina : Pandhu kahadep Abiyasa,Drestarata,Basudewa,Widura lan Gandamana. Rembag : Drestarata angsal dedamel anggenipun nyepeng ulam. Lajeng Pandhu ngluwari punagi anggenipun ngawontenaken Pista Raja Andrawina. Candhakan : Kunthi babaran miyos jabang bayi kang Bagus warnane,lajeng keparingan kekasih "Puntadewa". Candhakan : Kerawuhan Batara Darma dewaning adil. Rembag: badhe mundhut Puntadewa minangka momonganira,Pandhu nyumanggakaken. Lajeng Dipun gege kaliyan Darma dados diwasa,kaliyan Darma pinaringan tetenger "DARMAJAKA"

2. Candhakan : kesaru praptanipun petruk,Rembag : Geger paseban njawi Ngastina wonten Putra saking Negari Danamarta nyuwun Dewi Kunthi,Gandamana Bidhal. Gandamana lajeng perang tandhing kaliyan putra putra cacah gangsal saking Danamarta,Sedaya Putra Danamarta kaseser.

3. Candhakan : Saking gegana Paridarma mangertos bab susahing ingkang putra,sakala duka. Lajeng perang kaliyan Gandamana,Gandamana kasoran. Darma lajeng manitis dhateng Puntadewa lajeng nandingi Paridarma,Paridarma pejah lajeng manitis dhateng Puntadewa,Para Putra saking Danamarta mbela pejahipun ingkang rama resi Paridarma. Ngamuk punggung,Puntadewa kasoran. Lajeng Abiyasa paring sot dhateng para Putra putra Saking praja Danamarta,satemah putra putra Danamarta dados jim,lan Abiyasa ugi ngesotaken Praja Danamarta dados praja jim lan sak isinipun praja dados wana gung liwang liwung. Abiyasa ngendika mekaten "mbesuk titiwancine Praja Danamarta bisa pulih kadya wingi uni yenta sing ngruwat satriya kang alus bebudene,para putra putra saka praja danamarta bisa karuwat sukertane yenta sing ngruwat satriya kang hambeg sadubudi paramarta". Abiyasa nyabda praja Danamarta dados praja jim kang winastan "WANAMARTA ya WISAMARTA"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar