SELAMAT DATANG DI KIDALANG CANDRA

Rabu, 28 Januari 2015

ALAP ALAP RUKMINI (KRESNA KEMBANG)


1. Jejer Ngastina : Kurupati kahadep Durna,Sengkuni,lan Kartamarma. Rembag : bab Palakramanipun Durna kaliyan putri saking negari Kumbina Dewi Rukmini,nanging rukmini nyuwun bab seserapan "SEJATINING LANANG SEJATINING WADON". Durna sagah medaraken. Lajeng tata tata pangaraking temanten tumuju ing praja Kumbina. Sigeg.

2. Limbukan

3. Budhalan Ngastina tumuju ing Kumbina

4. Jejer Negari Dwarawati : Raja Ditya Prabu Gorakresna kahadep ingkang rayi Prabu Anom Yudakala kresna lan Patih Kala Mahadyu. Rembag : Sang Nata gandrung kaliyan Rukmini,ing pengangkah arsa kacidra. wadya Dwarawati kinen nguntabaken. gya bidhal.

5. Perang Gagal : wadya dwarawati kepapag dening kurawa,sulayaning rembag dados pancakara. wadya dwarawati kaseser gya mundur. Sigeg.

6. Adegan Kasatriyan Banjarpatoman : Narayana kahadep Bratajaya lan Udawa. Rembag : Narayana nyuwun pamit badhe tumuju ing Kumbina ing pengangkah arsa tedhak jagong,awit wonten wigatos,Bratajaya nggegeri nyuwun tumut ingkang raka,lajeng Narayana menggak ingkang rayi kanthi sarana dipun pondhong sarta kalela-lela,ngantos Bratajaya tilem,lajeng dipun tinggal kaliyan Narayana. Narayana lumampah dipun tutaken kaliyan Udawa,konangan lajeng Narayana muring,lan nguman uman Udawa,Udawa wangsul kanthi polatan suntrut lajeng Udawa tunggu kasatriyan Banjarpatoman.


Pathet Sanga :

1. Gara Gara

2. Adegan ing Wana Saptarengga : Permadi kadherekaken panakawan catur kepapag kaliyan Narayana. Rembag : arsa tedhak jagong ing Kumbina,Permadi nderek,gya bidhal.

3. Adegan ing Praja Kumbina : Bismaka kahadep ingkang raka Setyajid. Dereng dangu katungka praptanipun Kurupati kaliyan Durna. rembag : Badhe medharaken bebananipun Rukmini bab "SEJATINING LANANG SEJATINING WADON". Bismaka nyumanggakaken lajeng Bismaka ngaturi Durna ing kaputren Kumbina.

4. Candhakan : Narayana lampah siluman kepanggih kaliyan Rukmini,nalika pepasihan,kedadak wonten Durna,lajeng Narayana ndelik. Durna manggihi Rukmini,lan mejang bab "SEJATINING LANANG SEJATINING WADON". nanging geseh ingkang dipun karepaken kaliyan Rukmini,Durna muring. Dereng dangu Narayana salin wujud dados Brahala. Durna mlayu sajak gilo. sigeg

5. Candhakan : Durna manggihi Kurupati lan Permadi. Rembag: ing taman kaputren Rukmini ngingu Gendruwo, Kurupati dhawuh dhateng permadi supados nyirnakaken Brahala. Permadi bidhal. Candhakanipun nalika permadi dumugi ing taman kaputren mboten wonten Brahala ingkang dipun pocapaken kaliyan Durna. Wontenipun namung Narayana lan Rukmini pepasihan. Permadi muring lajeng nglarak Narayana ngantos perang. Narayana kawon lajeng sumbar dhateng Permadi "yenta nganti ana lelakon Narayana ora antuk Rukmini,aja arep arep kowe bakal dhaup klawan Bratajaya...!" . Permadi satemah bingung,lajeng kados pundi srananipun. Narayana lajeng nyipta wujuding sumpinge Permadi dados Narayana palsu. Lajeng Narayana palsu dipun bekta kaliyan Permadi minangka duratmaka.Lajeng Narayana ingkang asli ngilang pados kamukten. Sigeg.


Pathet Manyura :

1. Candhakan : Nata Yaksa Prabu Gorakresna kepanggih kaliyan Narayana sulayaning rembag dados pancakara, Gorakresna pejah kenging cakra baskara. lajeng Yudakalakresna mbela pejahipun ingkang raka. kaseblak barat dening Narayana satemah kamprung. Busana Prabu Gorakresna dipun agem Narayana satemah dados brahala malih. dados ratu buta. lajeng tumuju ing praja kumbina

2. Adegan ing Kumbina : Bismaka,Basudewa lan Setyajid,kahadep Kurupati lan Durna,katungka praptanipun Permadi nglarak Narayana palsu. minangka duratmaka kang wantun pepasihan kaliyan Rukmini. Durna muring lajeng ngutus Kurawa supados Narayana Palsu dipun hukum diobong wonten alun-alun. Kesaru Praptanipun Baladewa,Bratajaya lan Udawa. ora nrimakake paukuman kanggo Narayana,Bratajaya ngandika "yenta kakang Narayana kok ukum mati,Rukmini kudu kok ukum mati,awit keloro-lorone padha luput",Bismaka bingung. Kesaru praptanipun Petruk ngandika menawi wonten ratu buta alok alok nyuwun Rukmini. Permadi lajeng maju.

3. Candhakan ing alun alun Kumbina : Ratu Buta (malihan Narayana) ngamuk ngamuk,katungka praptanipun Permadi,badhar dados Narayana. Narayana ngandika yen iki pancen dijarak dening Narayana dewe,awit ora trima yen Rukmini dadi garwane Durna. Narayana lajeng kasalin mawi cara temanten dening Permadi,lajeng sowan ing Kumbina.

4. Adegan Pungkasan : Bismaka,setyajid,kahadep Kurupati,Durna,Baladewa Bratajaya lan Udawa,katungka praptanipun Narayana manten kairit dening Permadi,satemah Rukmini ugi sarimbit hangagem busana temanten kairit dening para emban cethi, wusana Bismaka ndaupaken Narayana klawan Rukmini. Kurupati lan Durna kewirangan. Lajeng medal ing Pasewakan.

5. Candhakan : Kurupati ngawe Kurawa,arsa ngroyok Narayana, Kurawa kepanggih kaliyan Baladewa,satemah kurawa bubar mawut.


Tancep Kayon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar