SELAMAT DATANG DI KIDALANG CANDRA

Rabu, 28 Januari 2015

SUCITRA PALAKRAMA (GANDAMANA SAYEMBARA I)

Pathet Nem :

1. Jejer Pancala : Prabu Suganda Ya Gandabayu kahadep Patih Adiraja. rembag : ingkang putra sekaring kedhaton Dewi Gandawati kalamar Para Ratu sewu negara,mangka Raden Gandamana nembe nggeguru dhateng Bathara Bayu. Patih Adiraja kautus supados nusul Gandamana. Patih Adiraja bidhal. Kondur ngedaton.

2. Limbukan

3. Adegan Kahywangan Arga Maruta : hywang Bayu kahadep Gandamana,rembag: hywang Bayu arsa maringi aji bandhung bandawasa,wungkal bener,blabak pangantol antol,lan waringin sungsang. wusnya lebda Gandamana pamit wangsul. hywang Bayu nimbali Putra siswa kadang bayu Gajah Setubanda lan Macan Palguna,kadhawuhan supados nyobi kadigdayaning Gandamana,budal.

4. Perang Gagal : Gandamana Kepapag dening Gajah Setubanda lan Macan Palguna,kagusah dening Gandamana nanging malah nggodha,wekasan dados pancakara kaliyan Gandamana. nanging Gajah setubanda kaliyan Macan Palguna kawon lajeng ngandika dhateng Gandamana lamunta kadhawuhan dening Hywang Bayu kinen nodhi kasekten Gandamana,lajeng Gajah Setubanda lan Macan Palguna pamit. Kesaru sowanipun Patih Adiraja,rembag : kadhawuhan ingkang rama supados wangsul ing Negari Pancala,Gandamana purun. Bidhal

5. candhakan : ing Pancala,Prabu Gandabayu nampi pisowane ingkang putra Gandamana lan Patih Adiraja,rembag: Sang nata dhawuh dhateng Gandamana supados ngedegaken sayembara. Gandamana sagah,bidhal.

Pathet Sanga

1. Gara-gara

2. Adegan Nagari Ngastina : Prabu Pandhu kahadep Sucitra lan punakawan. Rembag : sucitra sampun dangu suwita mring Pandhu,mila nedya kepalakramakaken kaliyan pikantuk Putri ing pancala Dewi Gandawati,ngiras pantes ngupaya sirnaning pusaka Ngastina kyai Pulanggeni lan kyai Kalanadhah. bidhal

3. Candhakan : Ing wana wonten satriya kembar Raden Pulanggeni lan Raden Kalanandhah.rembag : pulanggeni ngajak mulih ing ngastina nanging kalanadhah mboten purun,wekasan perang. kesaru praptanipun prabu pandhu,lajeng nglepasi jemparing,satriya kembar badhar dados dhuwung pulanggeni lan kalanadhah,nanging sami kontal tebih. Pandhu,Sucitra lan Punakawan nututi.

4. Adegan Nagari Pringgodani : Prabu Kala Rambaka ya Tremboko kaliyan ingkang garwa Dewi Retna Pudyastuti ya Dewi Malarsih,rembag: bab putra kang miyos tiga : Arimba,Arimbi lan Prabakesa tansah nangis,miturut wangsiting jawata,Sang Nata ngupadi wujuding pusakaning Prabu Pandhu kang warni curiga ingkang sirna saking praja Ngastina,Sang nata bidhal.

Pathet Manyura

1. Candhakan : Tremboko lumawat gegana ngertos wonten curiga kekalih ingkang sami bandayuda,lajeng tremboko nyaut ponang pusaka nanging ingkang kecandhak kyai kalanadhah,dene pulanggeni kesaut dening sucitra,wekasan tremboko bandayuda kaliyan sucitra nanging sami kasoran,lajeng tremboko lumajar. sigeg.

2. Adegan Negari Pancala : Gandabayu nampi sowanipun Pandhu lan Sucitra rembag : nedya mupu sayembara,malakramakaken sucitra,lajeng ngedali palagan.

3. Candhakan : Gandamana tandhing kaliyan Sucitra,nanging sucitra kasorab,nuli pandhu maju,Gandamana kawon,lajeng Gandamana nggugat Batara Bayu dene kasor ing jurit,lajeng Batara Bayu Nitis dhateng gandamana lajeng gandamana majeng malih tandhing kaliyan pandhu,pandhu kasoran lajeng pandhu nggugat batara kamajaya,dene apes juritipun. kamajaya lajeng nitis dhateng pandhu,lajeng pandhu majeng malih tandhing kaliyan Gandamana,Gandamana kinempit dening Pandhu satemah Batara Bayu oncad saking angganipun Gandamana. Gandamana tobat nuli teluk,sarta masrahaken Gandawati dhateng pandhu,nanging pandhu mboten purun,lajeng pandhu masrahaken Gandawati dhateng sucitra.

4. Adegan Dhaup : Gandabayu lan Gandawati kaadep Pandhu,Sucitra lan Gandamana. rembag : Gandawati kadhaupaken kaliyan Sucitra,lan Gandamana badhe suwita ing ngarsanipun Pandhu lan Gandamana masrahaken Pancala dhateng Sucitra. Lajeng Gandabayu misudha Sucitra Dados penganten lan wisudha jumeneng nata wonten ing nagari pancala jejuluk Prabu Drupada

                            "Tancep Kayon"

LAHIRE KURUPATI (DURYUDANA LAHIR)

Pathet Nem :

1. Jejer Ngastina : Pandhu kahadep Gandamana lan Andakawana,rembag : ingkang raka Adipati Drestarata nedya nyirami ingkang garwa Dewi Gendari,nuli Yamawidura kautus sowan ing pertapan Talkandha Ngaturi rawuh ingkang uwa Resi Bisma,widura bidhal. sang nata kondur ngedaton.

2. Limbukan

3. Budhalan Ngastina Nguntabake bidhalipun Yamawidura.

4. Jejer Negari Parang Garba : Prabu Kala werdati kaadep ingkang rayi Ditya Kala Wardhu,lan Patih Kala Garba rembag : Kala Werdati Kasmaran kaliyan Gendari,nedya kacidra,Sang Nata jengkar piyambak,Patih kala Garba nguntabaken.

5. Perang Gagal : Wadya Parang Garba kepapag wadya Ngastina,sulayaning rembag dados pancakara,wadya parang garba kasoran. sigeg.

6. Adegan Tawang Gantungan : Prabu Dasakumara kahadep keng putra Begasukma,Trisirah,trikaya,Narantaka,Dewantaka lan Triwaneh,Rembag : Sang nata nedya nurunaken Kumara/sukma dhateng tedhak turunipun Adipati Drestarata ingkang dereng miyos,gya tedhak nganthi Ditya Trimurdha lan Kala Dursana.Sigeg

pathet Sanga

1. Gara-Gara

2. Adegan Pertapan talkandha : Resi Bisma kahadep brahmana saking tanah keling Resi tejalaku kaliyan putra kekalih bambang tejasabawa lan teja swara, rembag : Sang Wiku kaliyan ingkang putra nedya suwita ing Ngastina,nyuwun kalantaraken dhateng Bisma,dereng dangu katungka sowanipun Raden Widura lan Punakawan. rembag : ngaturi kinen rawuh wonten nagari Ngastina supados ngestreni ingkang raka Drestarata nedya nyirami garwa,Resi Bisma Sagah,gya sami Bidhal,Resi tejalaku kaliyan ingkang putra kakanthi.

3. Candhakan : Ing karang kaendran,Batara Indra nimbali kelangenanipun peksi sawatara supados memalangi lampahipun dasakumara kang salah gawe. peksi sawatara bidhal.

4. Candhakan : Ing gegana,dasakumara kepanggih kaluyan peksi sawatara,sulayaning rembag dados pancakara,dasakumara kawon lajeng ngilang. sigeg

Pathet Manyura

1. Adegan Kadipaten Gajahoya : drestarata kaliyan marasepuhipun nata ing plasajenar prabu kisthawa kahadep begawan abiyasa,resi bisma,prabu pandhu,raden widura,Resi Tejalaku,Bambang Tejasabawa lan bambang Tejaswara,lan punakawan. Rembag : Bisma nyuwun palilah dhateng pandhu supados purun nampi pasuwitanipun resi tejalaku kaliyan ingkang putra bambang tejasabawa lan bambang tejaswara. kesaru gendari babaran mijil Daging satengkel,nuli kaasra sarta kapuja dening resi wiyasa dados bayi dhampit tiga : Raden Kurupati,Raden Dursasana,lan Dewi Dursilawati. kuliting daging kabalangaken ing alun alun ngastina dipun jagi dening bambang tejasabawa lan tejaswara.

2. Candhakan : dasakumara saking gegana ngertos wujuding kuliting daging,dasakumara ajeng manjing dhateng kuliting daging,nanging kesaut dening peksi sawatara,satemah dados pancakara,bambang tejasabawa lan tejaswara tumut perang,sami perang ruket lajeng dasakumara saget manjing ing kuliting daging,pandhu lajeng njemparing mawi jemparing kyai pangruwat satemah dados mawut peksi sawatara lan daging dadi wujud bayi cacah 97. kala dursana manjing salah sawijining bayi dursasana. lan trimurdha manjing ing salah sawijing bayi kaparingan asma kartamarma.

3. Geger candhakan : Gendari kacidra dening ratu parang garba Prabu Kala werdati,widura nututi. lajeng widura Njemparing mawi jemparing Kyai pamercu gadhing satemah kala werdati sirna.

4. Adegan Ngastina : Pandhu kahadep drestarata lan Gendari,rembag : pandhu nyuwun dhateng drestarata supados kurupati kapundhut putra,drestarata kepareng nanging kurupati kedah kawisudha dados pangeran pati nanging pandhu mboten sagah,lajeng gendari ngendika menawi pandhu sampun gadah putra piyambak,palenggahan kurupati minangka pangeran pati kenging kajabel. pandhu nyagahi. lajeng kurupati kawisudha dening pandhu minangka pangeran pati ing ngastina.

                                                               "TANCEP KAYON"

SURYATMAJA MALING



1. Jejer Ngastina : Kurupati kahadep Durna,Sengkuni,lan Kartamarma rembag: Sang Nata Arsa Palakrama kaliyan Putra Nata Mandraka Dewi Surthikanthi. gya tata tata ngarak penganten mring mandraka.

2. Limbukan

3. Budhalan Ngastina

4. Jejer Negara Ngawangga : Prabu Karnawasesa kahadep emban yaksi lan patih Kala Garba rembag : Sang Nata kasmaran kaliyan surtikanthi. gya bidhal ajeng bedhah praja Mandraka. bidhal

5. Perang Gagal : Wadya raseksa Ngawangga kepapag Wadya Ngastina,sulayaning rembag dados pancakara,wadya ngawangga kasoran,sigeg

6. Adegan Negari Pertapralaya : Prabu Radya ya Prabu Adirata kahadep Suryatmaja,Suryasusena,lan Suryawati rembag: Sang nata ndangu kang putra suryatmaja dene sampun sawatawis dangu tan seba,Suryatmaja wangsulan bilih nembe kesengsem klayan Putri Mandraka Dewi Surtikanthi. Nanging dipun Penggak dening ingkang rama,suryatmaja kesah,Dewi Suryawati nangis,suryasusena lajeng nututi.

7. Candhakan : Suryatmaja dipun papak dening suryasusena kinen supados wangsul dhateng pertapralaya nanging suryatmaja mboten purun wekasan dados pancakara,nanging suryasusena kasor,suryasusena mundur.

Pathet Sanga

1. Gara-Gara

2. Adegan Pertapan Saptaharga : Begawan Biyasa kahadep ingkang wayah permadi lan punakawan rembag : Sang wiku dhawuh dhateng permadi supados nyusul kadang jagong dhateng mandraka sebab badhe wonten damel,permadi bidhal

3. Candhakan : permadi lumampah dipun papag dening rukmarata rembag : sang permadi kautus dening dewi banuwati katuran rawuh ing mandraka,saperlu badhe ngluwari punagi,permadi sagah,lajeng bidhal sesarengan.

4. Adegan Negari Mandraka : Salya kahadep Baladewa,Puntadewa,Bratasena,lan Kembar. rembag : badhe dhaupipun Kurupati kaliyan Surtikanthi,kesaru sowanipun rukmarata kaliyan permadi ingkang tinimbalan banowati,tumuli kalilan manjing kaputren.

5. Candhakan : Banowati nampi sowanipun permadi,rembag sarwi banowati nanging,banowati ndakwa permadi bilih permadi remen kaliyan surtikanthi kanthi dhasar permadi asring manjing kaputren paleremanipun surtikanthi,dereng dangu wonten pepeteng saking hywang surya bilih suryatmaja badhe maling. Banowati dhawuh dhateng rukmarata bilih taman kaputren wonten duratmaka. bidhal.

Pathet Manyura

1. Adegan Mandraka : Salya nampi tamu Kurupati kaliyan kurawa rembag: badhe nyuwun daup,dereng dangu sowanipun rukmarata,matur menawi wonten duratmaka ingkang wantun lumebet ing taman kaputren mandraka,kurupati gugup lajeng dhawuh permadi supados nyekel duratmaka. bidhal

2. candhakan : surtikanti nembe pepasihan kaliyan suryatmaja,dereng dangu permadi lajeng perang kaliyan suryatmaja,surtikanthi lajeng wadul dhateng baladewa yenta permadi ngoyak surtikanthi,baladewa muring lajeng ngajar permadi,banowati lajeng wadul dhateng bratasena yen permadi yenta dipala dening baladewa,bratasena ngamuk,lajeng bratasena tandhing kaliyan baladewa,lajeng dipisah kaliyan salya,banowati melehaken surtikanthi yenta tumindake permadi nora luput,permadi lajeng nututi playoning duratmaka.

3. Candhakan : suryatmaja mlajar kabegal kaliyan permadi,sulayaning rembag dados pancakara,suryatmaja ajeng dipun sirnakaken dening permadi,dipun pisah dening batara naradha,rembag : yenta isih sedulur tunggal ibu,gya permadi lan suryatmaja rerangkulan,naradha dhawuh permadi supados ndaupaken suryatmaja.

4. Adegan Negari Mandraka : Salya kahadep kurupati kesaru sowanipun permadi lan suryatmaja rembag : permadi nyuwun supados suryatmaja ingkang kadaupaken kaliyan surtikanthi,kurupati duka lajeng badhe  paring pidana pati dhateng suryatmaja nanging dereng dangu wonten alok alok pengamuking prabu karnawasesa nyuwun surtikanthi,lajeng medal sedanten.

5. Perang Brubuh : Karnawasesa ngamuk dipun adepi kurupati,kurupati kasor,lajeng suryatmaja njemparing mawi kyai kunta wijayandanu,karnawasesa sirna,lajeng sandanganipun karnawasesa manjing ing angganipun suryatmaja dados nalendra jejuluk prabu karna basusena. lajeng kelampahan karna basusena dhaup kaliyan surtikanthi,kurupati muring nanging saget dipun penggak dening salya,salya ngandika bilih tembe mburi putri mandraka ingkang pungkasan kemawon ingkang dipun pacangaken,kurupati rena penggalihipun.

                                  "Tancep Kayon"